Saka 4.000 taun kepungkur, Gusti metu marang Ibrahim ing Mesopotamia lan ngandika, "Metuo saka negaramu, saka Keluwargamu, lan saka omahe bapakmu, marang tanah kang bakal tak duduhno marang sira. Aku bakal gawekno bangsa kang gedhe kanggo sira". Ibrahim netepi Gusti lan teka menyang tanah Kan’an sing dijanjiake punopo urip bebarengan karo putrane, Iskak, lan putune, Yakub, sing sak teruse jenenge dadi "Israel."
Israel lan 12 anak-anake banjur mudhun menyang Mesir amarga paceklik ing tanah Kan’an, lan kapisah dadi bangsa sing kuwoso. Mesir kaancam bakal punah, dening bangsa Israel kang kuat sing urip ing antarane wong-wong Mesir, supaya padha dadhi budak lan digawe urip ora enak dadi budak. Sawise 430 taun ana ing tanah Mesir, wong-wong iku padha dibebasake karo Musa, banjur nyabrang Segara Abang, menyang Arab, panggone wong-wong iku padha nampa hukun saka Gusti ing Gunung Sinai.
Generasine wong Israel sing ninggalno Mesir karo Musa padha ora diijini mlebu tanah kang dijanjikno amarga podo durung percoyo marang Gusti. Wong-wong iku dipeksa nglambrang ana ing ara-ara suwine 40 taun nganti generasi anyar padha gedhe sing percoyo marang Gusti lan mlebu tanah sing dijanjikno karo Yasak.
Sekitar 400 taun, 12 suku Israel diprentah liwat Hakim miturut aturane Musa. Nalika padha kepengin duwe Ratu kaya bangsa-bangsa liya, Gusti nunjuk Hud dadi ratu, sing ngratoni suwene 40 taun, ingkang diterusake karo Raja Dawud sing ngratoni 40 taun, lan turunane ratu Dawud yaiku Suleman sing ngratoni 40 taun. Sajroning mangsa Suleman dadi ratu, kerajaan Israel dadi sawijining paling mulya, lan chandi sing nomer siji dibangun, nanging amarga atine Suleman nyimpang saka Gusti yen umure wes tuwo, Gusti ngandiko marang Suleman yen 10 suku ora bakal diprentah karo putrane.
Sawise patine Saleman, kerajaan Israel iku dipisah, lan 10 suku ning sisih lor diprentah karo ratu seng duraka, sing ora turunane Dawud lan Suleman. Kerajaan lor iki jenenge tetep dadi Israel lan Samaria didadikake ibukutha. Kerajaan cilik ning kidol dikenal minangka Yehuda, Yerusalem minangka ibukuthane, lan diprentah karo turune Dawud. Saka 2 Ratu 16, wong sing ning kidol iku minangka dadhi "Yahudi" sawise kerajaan Yehuda.
Amarga durakane Kerajaan Israel lor, wong-wong iku padha katumpes lan ditawan karo wong Asyur. Wong Israel sing tetep urip kacampur karo bangsa kafir sing teka lan nguwasani tanah iku. Wong-wong iki minangka dadi Samaria, lan 10 suku Israel lor iku ora bakal dadi negoro maneh.
Kerajaan Yehuda sing kidul iku ditawan karo Babil minangka paukuman kanggo nglayani Gusti, lan candhi sing ning kunu iku disirnakake, nanging sawise 70 taun, wong-wong Yahudi bali meneh marang Yehuda, mbangun candhi iku maneh ing Yerusalem, lan terus diprentah dening ratu turunane Dawud.
Ing wektu Kristus, bangsa Yehuda wis dadi Yudea lan diprentah ing ngisore Romawi. Yesus Kristus lan murite ngajarake Injil ing tanah Yudea sing digoleki sawise ilange turune Israel. Sawise telung tahun setengah saking pelayanan, wong Yahudi nolak Yesus minangka al-Maseh lan njalok marang gubernur Roma supoyo nyalib Yesus. 3 dino sawise iku, Yesus urip maneh saka patine lan nuduhake yen awake urip marang murite sadurunge munggah marang Bapake ing Suwargo.
Singkat cerito sadurunge Yesus disalib, dheweke ngramalno yen paukuman minongko nolak Yesus yaiku Yerusalem bakal diobong, candhi bakal disirnakake, lan wong Yahudi bakal ditawan ning kabeh negoro. Ramalan iki kawujud ing A.D. 70 nalika mangsa Kaisar Romawi Titus nguwasani Yerusalem. Sak mongso 1.800 taun, wong Yahudi tetep kasebar ing kabeh negoro ing dunyo.
Banjur ing taun 1948, mokal kedaden. Negara Israel ditemokake, lan wong Yahudi sepisan maneh duweni tanah sing dijanjikno iku. Akeh wong kristen wis nyatakake yen iki ngono berkah saka Gusti, nanging iki mestine berkah saka Dewo, utawa pasukan rodo kereng ing dadikake? Film iki dadi jawabane.